![]() |
Ilustrasi : Penyembelihan Qurban |
Oleh : H.R. Agung Nugraha, S.Ag., M.A.
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ قَال اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ اَمَّا بَعْدُ فَيَاعِبَادَ اللهِ اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Allahu Akbar 2x, …. wa lillahi al-hamd
Kaum Muslimin, engkang dipun mulyaaken dening Allah,
Puji sarta pangalembono injih namung konjuk dumateng Allah. Mboten wonten engkang pantes nampi raos syukur kejawi Allah. Injih pangeran engkang engga wekdal punika taksih kepareng paring kesehatan saha kesempatan dumateng kita sedaya, sahengga saged pinanggih kaliyaى Riyadi Adha tahun 1438 H punika.
Allahu Akbar 2 x, …. wa lillahi al-hamd
Kaum Muslimin, rahimakumullah,
Wekdal punika, umat Islam sareng-sareng mangayubagya dinteng kemenangan kanti nglafalaken kalimat takbir, satunggaling pratela bilih namung Allah dzat engkang maha agung sarta maha kuwaos. Ikrar punika ngemu suraos bilih kekuasaan engkang kita sandang estunipun kagungan dalem Allah. Injih Allah engkang nggadahi panguaos. Allah engkang paring kekuasaan dumateng sinten kemawon engkan dipun kersaaken, sarta njabut/njabel kekuasaan sangking sinten kemawon ingkang dipun kersaaken.
Kita ugi tansah nglafalaken kalimat tahlil, la ilaha illa Allah, prasetya kita bilih mboten wonten dzat engkang hak lan pantes kasembah utawi dipun ibadahi kejawi Allah. Namung dumateng Allah kita manembah saha ngumawula sarta nyuwun pitulungan. Semanten ugi kalimat tahmid engkang kita lafalaken, mujudaken pratela ingkang tulus tumus ing manah bilih sedaya ingkang sampun kita tampi awujud raja kaya sarta sedaya kenikmatan gesang punika sumberipun sangking Allah. Kanti punika kita tansah memuji dumateng Allah saben wakdel, injih enjang ugi sonten (bukratan wa ashilan).
Allahu Akbar 2 x, …. wa lillahi al-hamd
Kaum Muslimin, engkang dipun mulyaaken dening Allah,
Takbir, tahlil sarta tahmid engkang kita kumandangaken mboten sanes ugi kagem nglairaken raos taqwa ingkang wonten ing manah kita. Allah SWT paring dawuh wonten ing QS Al Hajj (22): 32 ;
Artosipun : “Ya kaya mengkono (dawuh Allah), sing sapa ngagungake syi'ar-syi'are gusti Allah, mangka sejatini tuwuh sangka ketaqwaan sing metu saka atine ".
Allahu Akbar 2 x, …. wa lillahi al-hamd
Kaum Muslimin, rahimakumullah,
Kanti pengetan Idul Adha puniko, semunggo kita sami mendet hikmah saking sejarah gesangipun Nabi Ibrahim sahengga Allah mratelaaken Ibrahim minongko pemimpin kagem sedaya manungso.
Allah paring pangandiko wonten ing surat Al Baqarah (2) : 124
Artosipun : “ lan (elingo) naliko Allah nguji marang Ibrahim kanti piro-piro kalimat (wujud perintah soho larangan), banjur Ibrahim iso memenuhi dhawuh iku mau, Allah paring pangandiko, Saktemene Ingsun ndadekake siro pemimpin kanggo sekabehaning manungso ing donya; Ibrahim matur, ugi anak keturunan kawulo; Allah dawuh, wong-wong dhalim ora biso nggayuh janjiku iki”
Allahu Akbar 2 x, …. wa lillahi al-hamd
Kaum Muslimin, rahimakumullah,
Menawi kito nyinau sejarah Nabi Ibrahim, bade kita panggihi piwucal agung kagem kita sedaya, kados pundi sejarah perjalanan Nabi Ibrahim sahengga kadadosaken pemimpin dumateng sedaya manungso.
Allahu Akbar 2 x, …. wa lillahi al-hamd
Kaum Muslimin, rahimakumullah,
Wonten mapinten hikmah ingkang saged kito pendet, antawisupun :
1. Keimanan (tauhid) ingkang kokoh.(Al An’am (6) : 74-77.
Perjuangan Ibrahim anggenipun pados keyakinan tauhid saged kita mangertosi. Wiwit alit, Ibrahim gesang wonten lingkungan ingkang mboten bertaudih. Azar, ramanipun mujudaken piyantun ingkat manembah dating berhala, sahenggo setunggaling wekdal Ibrahim matur dumateng ramanipun, bilih ingkang dipun sembah puniko mboten leres.
Boten yakin bilih patung berhala, nabi Ibrahim manggihi lintang kaanggem minongko pangeran, naliko bintang sirno lan muncul rembulan, rembulan puniko kaanggep pangeran, salajengipun srengenge pranyoto ugi ical. Ngantos Ibrahim meh putus asa sahengga ndonga “ menawi boten penjenengan tedahaken, kula saged dados tiyang ingkang tersesat.
2. Menggalihaken sedaya kulowarga soho umatipun
Nalika Allah paring pangandika bade ndadosaken piyambakipun minangka pemimpin sedaya manungsa, nabi Ibrahim nyuwun dumateng Allah mugi Allah ndadosaken keluarga sarto turunipun ugi kadadosaken minangka pemimpin. Lan panyuwun punika kaijabah denung Allah, sahengga Nabi-nabi saklajengipun puniko mujudaken keturunan sarta nggadahi silsilah dumigi nabi Ibrahim.
3. Kulowarga ingkang sami ta’at dumateng Allah
Kisah kiatipun keimanan sarta suasana keagamaan wonten ng kulowarga Ibrahim saged kita pendet saking prastawa Jamarat sarta kesediaan ismail nalika ramanipun ngendika bak dawuh Allah ingkang dipun pikantuk lumantar sumpenanipun. Kanthi mantep Ismail matur dumateng Allah; Duh rama, sumangga dawuh Allah punika panjenengan tindakaken, insyaAllah panjenengan samangkih manggihi kula kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar.
4. Sabar
Kesabaran Ibrahim ngadepi Namrut, sahenggo kedah dipun bakar lan Allah paring selamet.
5. Syukur
Allah paring pangandiko wonten ing surat Al Kautsar (1-3)
Menawi kita sami syukur, Allah SWT paring janji :
Artosipun : “Lan (elingo), nalika pangeranmu (Allah) mratelakake (paring pangertosan), Saktemene menawa sira pada gelem syukur, ingsun Allah bakal nambah nikmat kanggo siro kabeh. Nanging sewalike menawa sira podo ingkar marang nikmat kang ingsun paringake, saktemene siksaku abot banget ".
Allahu Akbar, … wa lillahilhamd
Kaum muslimin, rahimakumullah
Kita pungkasi ibadah shalat id kita punika kanthi ndedonga dumateng Allah:
اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ النَّاصِرِيْنَ وَافْتَحْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ وَاغْفِرْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْغَافِرِيْنَ وَارْحَمْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ وَارْزُقْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّازِقِيْنَ وَاهْدِنَا وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِيْنَ وَالْكَافِرِيْنَ اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَناَ الَّذِى هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَ الَّتِى فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِى فِيْهَا مَعَادُنَا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِى كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شرٍّ اَللَّهُمَّ اقْسِمْ لَنَا مِنْ خَشْيَتِكَ مَاتَحُوْلُ بَيْنَنَا وَبَيْنَ مَعْصِيَتِكَ وَمِنْ طَاعَتِكَ مَا تُبَلِّغُنَابِهِ جَنَّتَكَ وَمِنَ الْيَقِيْنِ مَاتُهَوِّنُ بِهِ عَلَيْنَا مَصَائِبَ الدُّنْيَا. اَللَّهُمَّ مَتِّعْنَا بِأَسْمَاعِنَا وَأَبْصَارِنَا وَقُوَّتِنَا مَا أَحْيَيْتَنَا وَاجْعَلْهُ الْوَارِثَ مِنَّا وَاجْعَلْهُ ثَأْرَنَا عَلَى مَنْ عَاداَنَا وَلاَ تَجْعَلْ مُصِيْبَتَنَا فِى دِيْنِنَاوَلاَ تَجْعَلِ الدُّنْيَا أَكْبَرَ هَمِّنَا وَلاَ مَبْلَغَ عِلْمِنَا وَلاَ تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لاَ يَرْحَمُنَا اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ